Rabu, 13 Juni 2012

Pawartos Budoyo

Rahayu ...

Add caption
Sampun kito sumerapi sedoyo bilih kabudayan bumi Nuswantoro meniko kathah sanget cacahipun, awit bumi Nuswantoro puniko katitah saking pinten-pinten Nuso (kepulauan) ugi pinten-pinten Suku.
Kabudayaan kito ingkang edhi luhung meniko boten saget ngremboko malah saget sirno, menawi kito engkang katitah putro-putro bongso mboten derek-derek cangcut taliwondo hangeluri/nglestari-aken kabudayaan kito meniko. Kabudayan monco ingkang sarwo suuur ugi mboten kagungan kapribaden ketimuran sajak sampun milai mlebet dateng bongso kito indonesia, sekedik mawi sekedik saget ngelengseraken kabudayan kito.

Milo poro kadang, sumonggo kito sareng - sareng, sak saget-sagetipun ngridu utawi mblenggu kabudayan monco supados mboten nggeser kabudayan kito. Coro-caranipun kito mbino dateng putro-putri kito supados ngremen-ni dateng kabudayan kito.

Ugi derek hanyengkuyung dateng poro pelestari budoyo, kadang taruno seni, soho pakempalan-pakempalan  seni ingken wonten daerah kito. Sareng-Sareng sigrak tumandang kagem kelestarian budoyo kito.

Nuwun ...

SAMBOYO MUDHO

Tidak ada komentar:

Posting Komentar